Saturday 6 October 2018

Pengaosan Sabtu Wage 25 November 2017

Gus Luqman

Ngaos Surat Al alaq 3 - 5
Kitab ingkang pun waos Al Jallalain.

Katerangan Guse

Ayat iki mrintahake kewajibane menungso nggolek ilmu. Krono kelayan ilmu bisa ngerti kemulya'ane, keagungane, Keindahane, lan bisa ngestoake dawuh-dawuhe  Allah Taala.
Mula wong tholabil ilmu iku luwih duwur derajade ketimbang wong kang lagi ibadah. Sebab wong biso ibadah iku kudu di landasi ilmu.
Ono ing piro-piro ayat ugo nerangake, yento wong mukmin iku wong kang pinter, cerdas, nduweni ilmu.
Kanthi kecerdasane ndadekake menungso iku biso dadi insan kang ikhsan.
Mulane salah satu cirine wong mukmin iku nduweni ilmu.
Supoyo Ilmu nduweni manfaat, kudu di barengi kelayan akhlaq.
Ilmu dadi rusak yen ora dibarengi akhlaq.
Akhlaq iku soko pancarane sifat-sifate Gusti Allah. Rusake akhlaq iku dipengaruhi kecuas-kecuise setan LA.
Ono ing kisah penciptaane manungso, Iblis  dilaknati Gusti Allah lan diusir soko suargo, krono deweke Iblis ora nduweni Aklaq. Nentang dawuhe Gusti Allah.
Wong duwe ilmu tanpa akhlaq ndadekake bendune GA.

Adab2e nggolek lan madahi ilmu, ndadekake mundake derajade deweke.
Wong diarani Al alim wong kang kagungan ilmu, iku amargo di landasi kelayan akhlaq. Ilmune nyamodra, sumrambah marang menungso liyane.

Kanthi ngaji marang kyai ndadekake nurul ilmi lan nurrullah biso nyambung marang wong kang ngaji marang Guru. Manfaate ilmu tertransfer marang wong iku.
Rasulullah wae kudu melalui Nurul Qudus Malaikat Jibril.

Mulo moco dewe durung ndadekake ilmu. Isih berupa pengetahuan. Sebab Tafsir iku sesui pandangan lan dasar pengetahuane sing nafsirake.
Kasus Al maidah waktu iku ( kasus e Pak Ahok Gubernur DKI ), iku nunjukke kurange pemahamane masalah ngilmu.

Aulia iku maknane dudu Gubernur, Bupati. Yen deweke Gubernur, berarti Sulthonul aulia.

Aulia sing bener iku maknane Waliullah.

Ikulah pentinge Tholabul Ilmu terus nganti mati. Ora gur nate ngaji. Kelayan ngaji terusan Insyaalah besuk yen mati dikumpulake kelayan Guru-gurune.
Elingo suk mati iku isih nuggu tekane dino kiamat, kang wektune kito ora ngerti nganti kapan.

Kelayan ilmu kita menuju dadi wong mukmin.
Kelayan ilmu ndadekake mulyaning urip. Conto kitab kang di gowo iki mberkahi lan mitulungi marang sing ngaji.
Buku sing dinggo ngaji ojo di kilokake warisno marang anak putu.
Buku catetan ngaji iku biso ngabot2i kebagusan ing mizan besok.
Abah marisake cathetan lan kitab2 marang Gus Luqman.
Conto ngaji Bismillahirrohanirrohim, kita bisa ngerteni Keindahane, Kehebatane Gusti Allah.
Kuku iku biyen agemane N Adam naliko isih ono suargo. Naliko di turunake menyang donya pakain iku di jabut, di sisakake kuku ono ujung jari. Perhatikan bagaimana terus tumbuh...

Mugi Gusti Allah paring magfiroh marang kito.
Walllahualam